Bojonegoro – Nganti tanggal 6 Mei 2020 duwit BLT DD (Bantuan Langsung Tunai Dana Desa) akehe nematus telung puluh songo juta nematus ewu rupiah (Rp. 639.600.000) wis diendum ning wong miskin lan sing keno dampake covid songolas. Duwit BLT DD iku dienggo mbantu ngentengke wong-wong ngadepi kahanan sing serba ambyar iki.
Jarene Kepolo Dinas Pemberdayaan Masyarakat dan Desa Pemkab Bojonegoro, Mahmuddin watese nyalurke duwit BLT DD tahap siji nganti sok dino Jemah tanggal wolu ulan mei iki. Watese kui dienggo ngobyak-ngobyak perangkat Desa lan wong Kecamatan supoyo ndang dibereske sak cepete ben wong miskin iso nggunakke duwit iku ning ulan poso iki.
“Konco-konco tulung ya berkas lan urusan soal BLT DD ndang dibereske supoyo duwite iso ndang diendum kanggo wong-wong sing ndue hak nompo,” ucape kepolo DPMD, Mahmuddin.
Kepolo Dinas nambahi nganti dino iki jumlah keluarga miskin sing wis nompo BLT DD akehe sewu suwidak nem KK (1.066) sak Bojonegoro. Jumlah kui ijek terus tambah nganti mengko dino Jemah sing dikarepke cocok watese.
Jare Koordinator Pendamping Kabupaten Bojonegoro, Didik Wahyudi sing wis ngendum duwit BLT DD onok selikur desa. Roto-roto desa sing ngendum kui nganggo DD sing tahap siji. Kanggo desa sing DD ne tahap siji wis entek supoyo ngrealisasekno tahap siji telung puluh persen karo upload OMSPAN sing diewangi poro Pendamping Desa.
“Gaes… ndang cepet upload e OMSPAN mbantu desa ben pencairane lancar jaya. Suwun ya nganti diewangi nglembur pendamping desa,” ucape si rambut kuncrit Didik Wahyudi. (red)